1.
Temtokna bab kang wigati kang ana
sajroning wacan ing dhuwur .
KI URAT (Daun Sendok)
Ki
urat utawa daun sendok, jeneng latine Plantago mayor (L). Dijenengi Ki urat
merga bias nambani lara nyeri otot lan rematik. Thukul ing sandhengan papan,
ing pinggir dalan lan pakebonan. Wite cendhek mepet lemah, godhonge kaya
sendhok gedhe mula ana sing ngarani daun sendok. Dawane 5 – 10 cm, ambane 5 – 9
cm. Bisa urip ing ngendi wae. Ana kembange wernae coklat rada abang utawa
kuning rada klawu.
Miturut
penelitian Ki Urat nduweni kasiyat anti radang, mbacarake seni, antiseptik,
ngencerake riak (obat watuk), ngendhegake pendarahan (hemostatis), normalaek
aktivitas organ ati (liver), ngerutake jaringan (asttrigent) ngilakake rasa
ngelak, merangsang nafsu seks, nguwatake paru-paru, ngundhunake panas yen lara
liver, lan marak ake pandeleng terang.