21/12/11

Bahasa Jawa - Daun Sendok (Ki Urat)


1.      Temtokna bab kang wigati kang ana sajroning wacan ing dhuwur .

 

KI URAT (Daun Sendok)

            Ki urat utawa daun sendok, jeneng latine Plantago mayor (L). Dijenengi Ki urat merga bias nambani lara nyeri otot lan rematik. Thukul ing sandhengan papan, ing pinggir dalan lan pakebonan. Wite cendhek mepet lemah, godhonge kaya sendhok gedhe mula ana sing ngarani daun sendok. Dawane 5 – 10 cm, ambane 5 – 9 cm. Bisa urip ing ngendi wae. Ana kembange wernae coklat rada abang utawa kuning rada klawu.

            Miturut penelitian Ki Urat nduweni kasiyat anti radang, mbacarake seni, antiseptik, ngencerake riak (obat watuk), ngendhegake pendarahan (hemostatis), normalaek aktivitas organ ati (liver), ngerutake jaringan (asttrigent) ngilakake rasa ngelak, merangsang nafsu seks, nguwatake paru-paru, ngundhunake panas yen lara liver, lan marak ake pandeleng terang.



            Wohe Ki Urat wangune lonjong, isine 2-4 wernae ireng kisut-kisut. Yen kanggo jamu di godhog karo banyu, di unjuk banyune. Isine kena kanggo jamu asam urat merga bisa mbuwang urea, asam urat, lan sodium chloride.

            Miturut kandhane ahli hebal Dr. Setiawan Dalimarta, herba Ki Urat ngandhung plantagin, aukubin, asam ursolik, bsiterol, nhentriakontan, lan plantagluside. Saliyane iku uga ngandhung zat tannin, kalium, vitamin b1, vitamin C, vitamin A. Mula Ki Urat becik banget kanggo wong sing duwe penyakit gangguan ing ginjel, kanyata watu ginjel, kerep infeksi saluran kencing lan seni kurang lancar


2.      Gawe dudutan (kesimpulan) isine wacana kanthi basa kang gampang di mangerteni


Kesimpulane yaiku :

Ki Urat utawa daun sendokiku nduweni kasiyat sing akeh, tuladhane amti radang, ngencerake riak (obat watuk), nguwatake paru-paru, merang sang nafsu seks lan liya-liyane.
Wit Ki Urat iku duweni cirri yaiku wite cendhek, godhonge kaya sendok, dawane 5 – 10 cm, ambane 5 – 9 cm, lan bisa urip ing ngedi wae.
Wohe Ki Urat wangune lonjong, isine 2-4 wernae ireng kisut-kisut. Yen kanggo jamu di godhog karo banyu, di unjuk banyune. Isine kena kanggo jamu asam urat merga bisa mbuwang urea, asam urat, lan sodium chloride.
Wit Ki Urat duweni kandhungan plantagin, aukubin, asam ursolik, bsiterol, nhentriakontan, lan plantagluside. Saliyane iku uga ngandhung zat tannin, kalium, vitamin b1, vitamin C, vitamin A.
Mula Ki Urat becik banget kanggo wong sing duwe penyakit gangguan ing ginjel, kanyata watu ginjel, kerep infeksi saluran kencing lan seni kurang lancar

0 komentar:

Posting Komentar | Feed

Posting Komentar

Mengatakan :



Adsense Sesat !

Music Sesat !

Get Free Music at www.divine-music.info
Get Free Music at www.divine-music.info

Free Music at divine-music.info
 

Negara - Negara Sesat !

Status Blog Sesat !

Letak Orang Sesat !

Sepdhyo Wahyu's Blog Copyright © 2009 Premium Blogger Dashboard Designed by SAER